"Pituturé Simbah" 🌺🍃🐝🌺🍃🐝🌺🍃🐝🌺🍃 Nggèr anak putuku... Sawangen kaé dagelan jagat.. Sing lagi rebutan donya lan pangkat.. Rumangsané wis paling kuat.. Nganti lali yèn donya iki bakalé kiamat.. Nggèr anak putuku... Sawangen kaé dagelan jagat.. Padha lali ngrumat wasiat.. Gaman aji kanggo donya lan akhirat.. Nggèr anak putuku... Sing kok sawang kaé ojo ditiru.. Rungokno lan élinga karo pesenku.. Kanggo ugeman lakon uripmu.. Nggèr anak putuku... Bagusmu dudu saka awak lan sandanganmu, luwih-luwih bondomu ... dudu anakku!! Ayumu dudu saka wedak pupur kang gampang luntur.. Nanging kabeh mau saka resiké atimu sing nampa pitutur luhur.. Sugihmu dudu emas picis raja brana sing gampang sirna.. Nanging jembaré atimu sing koyo segara.. Sing iso nampa pesthining kang maha kuwasa. Nggèr anak putuku, Eling ta di éling-éling.. Ojo nganti imanmu nggoling..lan terus ilang Nggèr anak putuku Sekarat pati iku banget larané.. Sebab nalika jaman uripé....
Jadilah mata air jernih yang dapat memberikan kehidupan pada sekitar Anda